Selasa, 22 November 2011

Naskah Drama " WOLAK-WALIKE ZAMAN "





WOLAK-WALIKE ZAMAN

SINOPSIS

Esuk kuwi neng taman kutho ono wong mlarat kang ora duwe omah lan penggawean lagi ngratapi nasipe. Lan ora patek suwi ketingal cah wadon ayu seng liwat neng sandinge lan menehi sodakoh. Kerono ayune lan apik atine, cah lanang seng jenenge Jono mau ngroso tresno karo cah wadon seng jenenge Alink. Tanpo disadari Alink sikile kesandong watun lan Jono mau cepet-cepet nulungi. Krono kejadian kuwi cah loro seng bedo drajat kuwi ketiban tresno. Tapi Ibuke Alink ora setuju lan nesu teros nguser Cah mlarat maeng tanpo welas asih.
Ora patek suwi sakwise Alink lan Jono ngaleh enek wong seng ngaku-ngaku soko perusahaan seng dodol saham lan ngiming-ngimingi wong wedok sombong maeng bathi seng akeh seng iso nambah bondo donyonene. Kerono howonafsune seng gede wong wadon sugeh maeng kenek diapusi lan bondene entek kabeh teros dadi wong mlarat.
Kerono dongo lan usahane seng ora kenal kesel, Jono saiki dadi wong sugeh. Sakwise kabeh kekarepane donyo keturutan saiki enek sitok seng bener-bener ganjel neng atine Jono yoiku batur urip seng iso menehi ketentreman. Seng dimaksut yoiku Alink. Tanpo disongko-songko tibakno wong sugeh seng panggah apik atine kuwi cetok karo wong ngemes wadon loro yoiku kuwi Alink lan Ibuke. Tanpo nunda wektu Jono langsong nglamar Alink lan Alink nremo lamarane Jono. Akhire wong loro maeng rabi lan urep tentrem selawase.

PESEN KANGGO MASYARAKAT.
YEN DADI UWONG KUWI ORA USAH SOMBONG KRONO KABEH NEG DONYO IKI KEDUWE KANG MOHO KUWOSO SENG ISO ILANG SAK WAYAH-WAYAH TANPO KITO RENCANAKAKE SAKDURUNGE MERGO KABEH NENG DONYO IKI NAMUNG TITIPAN SENG BAKAL DIJIKOK SAKWAYAH-WAYAH.

TOKOH
1.      M. AL-HADA F. H.                 =>>  JONO
2.      ASFIATUL                              =>>  ALINK
3.      HENI ANAS                            =>>  ANTON
4.      DINI                                        =>>  SUSI


NASKAH DRAMA

Esuk kui ing taman kutho eneng wong mlarat kang ora duweni omah lan ora duweni pegawean isih mikerne nasipe.
LAGU: PACOBANING URIP
Jono    : Duh gusti, kapan nasib kulo niki saget gantos wiwit rumiyen ngantos sak niki, sengsoro kemawon, nopo mungkin kulo niki saget gadah omah, mobel, bojo ayu...!? nopo mungkin duh gusti... adooohhh.... wetengku luwe.... sopo yo seng gelem menehi aku panganan... wiwit wingi sore aku durung mangan!! njajal tak golek neng cedake resekan kui... mbok menowo enek. Lha iki enek!! sak iris roti! Lah ora popo seng penting keno kanggo ganjel weteng. Duh gusti nopo tasek saget urip kulo niki kepenak, nyuwun pangestunipun gusti engkang moho agung kulo sampun mboten kiat urip nandang sengsoro.
(dumakan teko sawijining cah wedok kang ayu lan menehake sedekah)
Alink   : niki mas wonten arto sekedik mbok bilih saget damel tumbas daharan.
Jono     : matur nuwun... (kanti nyawan cah wedok mau)
Alink   : nggeh sami sami
Jono    : duh gusti!!! ayu eram bocah wedok kui... opo kiro kiro aku biso dueni cah ayu kui mau... sak umpomo aku dadi wong sugih mesti... huhuhu
Alink   : (dumadakan tibo saking kursi) iyong... tulung!!!
Jono     : cah ayu, enek opo... (kanti nulungi)
Alink   : sikilku kesandung!
Jono     : jajal tak deloke disik cah ayu. Di empet diluk ae jajal tak tarike.
Alink   : iyong!!! loro aduh...!!
Jono     : di empet sek diluk ae.
Alink   : (nyawang jono kanthi bungah) matur suwun mas.
Jono     : nggeh cah ayu podo podo
Alink   : lek ne pareng ngertosi, mas niki namine sinten??
Jono     : nami kulo jono
Alink   : kulo alink
Jono     : alink cah ayu
Alink   : lek ne nimbali mboten usah dipun tambahi cah ayu, alink mawon sampun cekap.
Jono     : iyo cah ayu, eeeh... alink!!!
Alink   : nggeh ngoten, lek ne ngoten dadose ketinggal akrab.
Jono     : lek ne pareng weroh sampean sakniki umure pinten to?
Alink   : kulo lahir tanggal 11 januari 1995 dados sak niki umur kulo tasik 16 tahun.
Jono     : O... makane uayu tenan...!!!
Alink   : matur suwon mas.
Jono     : nopo pareng kulo nyambut astane sampean
Alink   : ehmmmm... monggo.
Jono     : astane alus... apik...
(dumadakan)
LAGU: JARI-JARI CANTIK
Susi     : e,e,e,e, sopo sampean... wani wanine demoki tangane anakku. Sopo sampean? Sampean opo ora ngerti sopo anakku iki? Aku lan anakku iki wong sugih dewe sak kuto, ora pantes anakku cedak cedak glandangan koyo sampean kui.
Alink   : buk.... sampun buk!!
Susi     : sampean ngalio kono!!
Jono     : bu.... kulo nyuwun ngapuro, kulo niki.... huhuhu
Susi     : niki nopo? Wes ndang ngalio kono!!!
Alink   : sampun bu, jono wau namung...
Susi     : namung opo??? sampean ki yo podo ae, wes meneng!!!
Alink   : nanging
Susi     : nanging nanging opo maneh!! wes dang ngaliho, minggato jo gor mlaku nggremet ngunu wi (karo jongkokne jono)
Jono    : duh gusti salah nopo kulo niki. Tulong gusti, ojo panjenengan tokne kulo di ino kados ngeten niki (mudun panggung)
Susi     : alink!! opo karepmu!!! cedek cedek glandangan opo koe pengen ngidek ngidek martabate ibumu...
Alink   : ibu panjenengan niku namung mikerne martabat kemawon, mboten mentengaken perasaanipun tiang lintu.
Susi     : wani-wanine koe marai ibumu ( nggampleng )
Alink   : ( nangis misek-misek )
Susi     : awas lek sampek Ibu weroh kowe jagongan maneh karo glandangan kui mau.... Ibu menehi hukuman abot maneh !!!! Sak iki muleho trus adus, ojok sampek ambune glandangan mlebu ngomah.
Alink   : ( Lungguh kanthi nangis )
Susi     : ( nesu) wani-wanine glandangan koyo ngunu cedak-cedak anakku.
Anton  : Bu, wonten nopo kok ketingal mboten kados biasaneipun?
Susi     : mau ono glandangan wani-wanine cedak-cedak anakku. Opo durung tau weruh lek aku iki wong paling sugeh sak kutho.
Anton  : dados ibu niku tiang sigeh!!
Susi     : dadine mas iki ora percoyo?
Anton  : mboten ngoten bu.... niki wau katepakan kulo madosi tiyang sugeh saperlu nawakaken saham saking perusahaan kulo piyambak, kulo jamin lekne panjenengan kerso numbas, panjenengan tambah sugeh..... mboten namung paling sugeh sak deso, nangeng panjenengan saget dados tiang paling sugeh sak negoro niki.
Susi     : Lah ngapusi panjenengan mangke !
Anton  : Sak estu bu, perusahaan kulo niki sampun dipun jamin keapikan ipun. Kuloi damel usaha ingkang becek lan mangke keuntunganeipun dipaleh kalian jenegan lan perusahaan kulo.
Susi     : Lha duwet ku iki mundake okeh suwi opo ora????
Anton  : namung tempo setunggal wulan yotro jenengan sampun saget dados katah.
Susi     : Carane angel opo ora ?
Anton  : mboten, panjenengan namung numbas saham perusahaan kulo, mangke panjenengan nggeh sampun diparingi bukti keduwekan saham kaleh kulo.
Susi     : lek duek ku, tak gae nuku saham perusahaane sampean kabeh, bakale nopo tambah katah nggeh?
Anton  : leres..... nggeh tambah katah. Pripun? Mathok nopo mboten sak umpami panjenengan numbas saham kulo?
Susi     : nggeh mathok.
Anton  : setuju
Susi     : setuju
Anton  : sakniki ibu kantun nyetor hartanipun dateng rekening kulo, niki sak cepete!!! supoyo cepet kulo proses.
Susi     : iyo,,,sakiki aku budal nang bank lan nyetor kabeh hartaku dateng rekening sampean.
Anton  : nggeh, kulo entosi.
Susi     : ( ngaleh )
Anton  : Sip... kesel...! wong wedok sombong kui ora eruh nek tak apusi, saiki aku iso tuku omah apik, mobil, lan kabeh sing apik – apik pokoke. Pancen wong wong bodo, mosok diapusi ngono ae keno!  Wah saiki aku iso foya-foya ngangge duwet kuwi,,, tapi ben ora gampang entek aku pengen  mbangun usaha gede tapi opo yo!? Emmm jijal gae usaha dekorasi pesta ae ben podo karo kademenanku yoiku ndekorasi taman seng ugung iso kalaksana sampek saiki,,, Wes saiki karo mikir-mikir usaha liyo pena’e saiki leyeh-leyeh karo gitaran neng kene,,, ayikkk!! Penak tenan to urep koyo’ngene jan mujor aku dino iki...
(MAEN GITAR)
Anton: Wes tak dang jikok duwet neg bank disek gen dang iso tak manfaatne...
(ngaleh)
Jono    : saiki aku wes dadi wong sugeh. Kabeh angen angenku wes kasel.hahaha nanging ono siji seng kurang yoiku bojo kanggoku. Umpomo aku iso ketemu maneh karo alink. Wes mesti bakal cepet cepet tak lamar. Neng endi yo... alink sakiki! Dadi kelingan wayah wayah bebarengan karo alink nyanyi bareng. O... iyo! Saiki kan tanggal 1 januari berarti dino iki ulang tahune alink! jijal tak telfon tukang dekorasi ulang tahun sek, bok menowo alink engko moro rene!! Amiin!! Hallo... perusahaan GOROH... niki kulo ajeng pesen piranti kanggo ulang tahun neng taman kutho... iyo tak tunggu!!
Anton  : mas, niki kulo ajeng dekor taman
Jono     : yo, monggo...
LAGU: TAK KAN TERGANTI
Anton  : sampun rampung niki mas...
Jono     : O,,, Iyo... matur suwun...
Anton  : sami sami... Monggo!
Jono     : Enggeh monggo...
Susi     : mas... nyuwun sedekah e mas.... ket wingi aku durung mangan...
Jono     : niki buk... mugi mugi cekap damel dahar setunggal minggu.
Alink   : matur suwun mas...!
Jono     : lho... alink cah ayu...!
Alink   : (kaget) mas jono...
Jono     : nyapo iso koyo ngene awakmu sak iki?
Susi     : ngapunten mas jono, kulo riyen sampon ngino panjenengan.
Jono    : nggeh buk. Mboten nopo nopo? Sampun kulo ngapuro kulo dados makaten nggeh mergo kuasane kang moho kuoso, peristiwo seng koyo mekaten niki gawe ngeleake kanggo kito seng urep supoyo iso urep mboten sombong.
Susi     : matur suwun nak
Jono     : alink, cah ayu napo sampean gelem dadi bojoku???
Alink   : (ngguyu isin) nggeh, kulo purun
Jono    : matur suwun cah ayu.,, Nah niki tak persembahne lilin-lilin cantik kanggo ngrayakne dadian kito sekaligos ngrayakne ulang tahun widodari cantik kados jenengan,,, Sugeng ambal warsa!!
Alink   : Matur suwun sanget mas...
Jono    : Sami-sami... (mlaku wong loro  bebarengan)
LAGU MY HEART..................................................................

Tidak ada komentar:

Posting Komentar